Uripku ning jaman SMA mesti ono tinon. Kelas X sekelas, kelas XI ra sekelas sih tapi podowae ben dino ketemu ning GO, lhaa tenan to kelas XII sekelas meneh. Kok yo ra bosen ngono lho we non ketemu aku. Wes ngono sak les-lesan, kerep dolan bareng, tinon kerep turu omahku. ckckck. Untung kowe kuliah ning UNS non. Iso-iso dewe jadian nek sak kampus meneh. Haha
Aku wes tau sih dolan ning omahe le ning nggunung. Ha piye ora gunung omahe we ning ndukun (cedak merapi). Nganti kelas X we ngungsi. Hahaha. Tapi aku tetep sayang kok senajan kowe omahe nggunung.
Aku nginep ning omahe tinon pisanan karo shinta purwo putri mergo dolan nonton futsal nong jogja. Duhh dek, banyune ning kamar mandi ki adem bianget koyo banyu kulkas. Omahe ki yo adem, rasah tuku AC wes adem terus. Hahaha. Dadi nggawe teh panas gek 10 menit wes adem. Bercanda ra wi? Bengi jam 8nan lah, daerah kono ki wes sepi bangeet. Mung suara wit-witan le keno angin. Ditambah Bapake tinon ki seneng banget nek kon cerito babagan setan. Cerito pengalaman soal setan ning desane wes nganti 10 episode dewe kok piye. Tapi rapopo sih, tambah nggreget. Paling seru ki nek diceritani tentang pengalaman pas Merapi njebluk. Koyone aku iso nganti ngrasakke situasi kuwi. Contone pas Bapake ngendika nek Merapi aktif kuwi iso krungu gemuruh seko njero bumi. Sangar ra? Terus kaca-kaca jendela ki iso geter-geter. Jare Bapake sih rasane wes koyo kiamat. Dadi podo ngungsi. Mesakke banget lah kondisi pas Merapi aktif ki. Wong-wong pada kelangan bondo lan nyowo. Tapi yo piye meneh. Kuwi kan karepe alam. Pokokmen nek sesuk Merapi aktif, aku kudu ning Tinon.
Ketelune ning omahe tinon kuwi gara-gara tinon galau njuk nginep omahku njuk ben adil aku yo nginep omahe tinon (kuwi wagu jenenge). Njuk dewe dolan ning pos pengamatan Merapi ning Babadan. Menurutku enak sih Babadan, soale gratis njuk luwih cedak ndelok merapi seko Babadan daripada ning Ketep. Menyenangkan lah.
Aku sok ra paham karo kekancanane dewe. Wes berkali-kali nganakke farewell party mergo arep pisah pas kuliah. Tapi eeh tapi ketemu meneh. Contone pas tinon nginep omahku pas galau njuk rasido galau mergo tak jak dolan karo farewellan. Ehh Shinta ngajak dolan ning Solo mergo meh farewellan. Yaoke demi konco apapun kulakukan. Tak lakoni tekan Solo. Sisan mlaku-mlaku ning UNS
Pokokmen kekancan karo tinon ki ra ono bosene. Tinon ki pancen iso ngerteni aku banget. Mugo-mugo awet kekancane nganti koyo sedulur dewe.

No comments:
Post a Comment