Uripku ning jaman SMA mesti ono tinon. Kelas X sekelas, kelas XI ra sekelas sih tapi podowae ben dino ketemu ning GO, lhaa tenan to kelas XII sekelas meneh. Kok yo ra bosen ngono lho we non ketemu aku. Wes ngono sak les-lesan, kerep dolan bareng, tinon kerep turu omahku. ckckck. Untung kowe kuliah ning UNS non. Iso-iso dewe jadian nek sak kampus meneh. Haha
Aku wes tau sih dolan ning omahe le ning nggunung. Ha piye ora gunung omahe we ning ndukun (cedak merapi). Nganti kelas X we ngungsi. Hahaha. Tapi aku tetep sayang kok senajan kowe omahe nggunung.